ISLAM NUSANTARA - NEGARA KESATUAN REPUBLIK INDONESIA

Cari Disini

SALAAMUN QOULAN MIN ROBBIRROHIIM
Perseteruan panjang ummat islam sejak wafatnya Rosululloh SAW seakan tiada habisnya, saling mengkalim ahlus sunnah wal jama'ah, dengan memproklamirkan kebenaran keyakinannya, apa sebenarnya makna kebenaran itu, dimana kebenaran itu berada, milik siapa kebenaran itu sebenarnya?dan bagaimana kita mengetahui kebenaran itu sendiri?Mengapa Rosululloh SAW sangat menghormati agama lain?Dimanakah Kebenaran Islam?Agama islam sebagai panutan atau Agama islam anutan (yang dianut)?sebuah perbedaan tipis yang menjerumuskan Ummat.......
SELAMAT DATANG di PADEPOKAN WAHYU PAMUNGKAS

Babat Tanah Jawi ( Awal mula Tanah Jawa)

Babat Tanah Jawi ( Awal mula Tanah Jawa)




BEBUKA
Sêrat Babad Tanah Jawi punika aslinipun kaserat ngagem seratan hurup Jawi, kathah ingkang sampun kaserat, kaumumakên, wontên  ingkang dèrèng kaserat utawi botên badhe kaserat, namung sumimpen kemawon wontên ing pasimpênanipun para sêpuh, ingkang angsalipun saking tilaranipun para lêluhur ingkang sampun botên wontên. Dene para lêluhur anggènipun sami nyimpeni Sêrat Babad Tanah Jawi punika wau, sakawit asalipun inggih saking nurun sêrat babad gadhahanipun sanès. Ingkang sami kapengin gadhah lajeng gêntos anurun, lajêng katêdhak ing sanès, salajengipun ngantos dados pintên-pintên kadosdene ingkang wonten samangke.

Mênggah sêdyanipun para sepuh anggènipun sami nurun utawi nêdhak wau, sakawit inggih namung badhe kangge simpênan piyambak, kangge waosan pribadi utawi nyêngkanipun kangge waosanipun anak putu ing mangke sageta dados tilaran. Amargi saking menika, pramila panêdhakipun inggih namung sasêkecanipun, manut kajêngipun piyambak, manawi mrangguli ingkang kamanah lêpat, lajeng dipun lêrêsakên, manawi kamanah kirang, lajeng dipun wêwahi, sapiturutipun. Mila inggih botên anggumunakên, dadosipun samangke Sêrat Babad Tanah Jawi wau inggih warni-warni sangêt, benten kaliyan aslinipun. Ugêr wontên ingkang gadhah mèh kenging dipastekaken tertamtu beda kalihan gadhahanipun sanès. Angèl sangêt badhe anyumêrêpi utawi pados pundi ingkang taksih baku miturut aslinipun. Kangge anggampilakên anggen kita pamilih, ingkang kawawas prayogi piyambak sasagêd-sagêd inggih padosa ingkang sêpuh. Ing tata lairipun barang sêpuh punika tertamtu dèrèng kathah ewahipun. Sasampunipun gadhah ancêr-ancêr pamilih ingkang sêpuh, manawi sagêd inggih lajêng madosi wontên ing papan dununging asalipun, inggih punika ing karaton Jawi. Awit Sêrat Babad Tanah Jawi punika dumadosipun tamtu wontên ing karaton. Sarèhning sami-sami karaton, karaton ing Surakarta punika ingkang sêpuh piyambak, milanipun inggih ing ngriku punika dununging Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang upamio sampun botên baku, tertamtu inggih dèrèng kathah onyanipun saking  Serat Babat Tanah Jawi ingkang baku.
Kalêrêsan, kapustakan ing Lèdhên nagari Walandi anyimpêni sêrat wau, gadhahanipun pamarentah Walandi, pisungsungipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VII kagem pamarentah Walandi ingkang tertamtu taksih baku. Upamio sampun botên baku, tertamtu inggih dèrèng kathah onyanipun. Ingkang lajêng kawêdarakên samangke punika.
Manawi katandhing kalian sêrat babad sanèsipun, utawi Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang sampun sumêbar wonten ing bebrayan, botên namung katingal bedanipun kemawon, nanging ugi katingal mênangipun jangkep ugi sêpuh, sarta mênang runtut. Ewadene sanajan sarwa runtut ugi jangkep, manawi sawêg nyariyosakên lêlampahan utawi kawontênan ingkang kamanah èdi tuwin pèni, tlêsih utawi andharipun inggih sanget botên anguciwani.
Mila, anggènipun nyerat/ngêdalakên Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang awujud seratan hurup latin punika kajawi kajat niyatipun sageta dados waosan utawi sêsêrêpanipun bangsa Jawi, ugi niyat mêmêtri tilaranipun para pujangga kina ingkang sanget adiluhung punika. Ugi supados langkung gampil kagem generasi-generasi sakpunika anggenipun maos. Mugi-mugi kajat niyat ingkang makaten wau sageta kasêmbadana.
Ingkang nedhak


BABAT TANAH JAWI JILID : I


Isinipun kaca

1. Sajarah wiwit Nabi Adam dumugi para dewa ........................................................... 1

2. Prabu Watugunung ing Gilingwêsi............................................................................ 3

3. Sajarahipun para ratu ing tanah Jawi wiwit saking jumênêngipun
    Ratu Bathara Wisnu lan Bathara Brama dumugi nagari Pajajaran ...........................15

4. Lêlampahanipun Siyungwanara ...............................................................................17

5. Radèn Susuruh oncat saking Pajajaran lajêng têtruka wontên ing Majapait ............25

6. Nagari Pajajaran bêdhah. Radèn Susuruh têtêp jumênêng nata ing
   Majapait, run-tumurun …..........................................................................................31

7. Lêlampahanipun Arya Dilah................................................................................... 37

8. Radèn Rakmat (Sunan Ngampèldênta). ................................................................. 42

9. Radèn Said (Sunan Kalijaga). ................................................................................ 44

10. Radèn Patah tuwin Radèn Kusèn. .........................................................................45

11. Radèn Bondhan Kajawan. .....................................................................................55

12. Jaka Tarub ..............................................................................................................58

13. Prabu Brawijaya mêmêngsahan kalihan Sunan Giri. ...........................................71

14. Majapait sirna, Dêmak ngadêg ............................................................................76

15. Ngêdêgakên mêsjid ing Dêmak ...........................................................................79

16. Sunan Bonang yasa dêdamêl pusakanipun Ratu Jawi. .........................................82

17. Lêmbu Pêtêng dhaup kalihan Rara Nawangsih ....................................................85

18. Ki Agêng Pêngging. Jaka Tingkir lair. ............................................................... 89

19. Jaka Tingkir suwita dhatêng Dêmak .................................................................. 96

20. Ki Buyut Banyubiru. Jaka Tingkir pêrang kalihan baya ....................................101

21. Pasanggrahan ing Prawata gègèr, maesa ngamuk ..............................................104

22. Ki Agêng Sela malêbêt dados prajurit tamtama dipun tampik ......................... 106

23. Jaka Tingkir dados Adipati ing Pajang ............................................................. 107

24. Ki Agêng Sela nyêpêng blêdhèg ....................................................................... 109

25. Sunan Prawata tuwin Pangeran Kalinyamat dipun cidra ing Arya Jipang ........112

26. Adipati Pajang sowan Sunan Kudus. ................................................................ 114

27. Arya Jipang pêjah awit saking tarekahipun Ki Pamanahan
      tuwin Ki Panjawi  ............................................................................................ 122

28. Ki Pamanahan bêbadra wontên ing Mataram ................................................. 133

29. Adipati Pajang jumênêng dados Sultan. ......................................................... 141

30. Ki Agêng Mataram tilar donya. Radèn Ngabèi Loring Pasar gumantos,
     kaparingan asma Senapati Ing Ngalaga ........................................................... 143

31. Senapati miluta manahipun para mantri pamajêgan ingkang badhe
     asok bulu bêkti dhatêng Pajang ........................................................................149

32. Senapati kadhawahan lintang sarta kapanggih kalihan Nyai Rara kidul ........152

33. Sunan Kali rawuh dhatêng Matawis, maoni padalêmanipun
       Panêmbahan Senapati .....................................................................................161

34. Sultan Pajang utusan dhatêng Mataram, nyatakakên punapa
      èstu Senapati badhe malik tingal .....................................................................164

35. Radèn Pabelan. Tumênggung Mayang dipun tundhung dhatêng Samarang,
      lajêng dipun rêbat dhatêng Senapati.................................................................169

36. Sultan Pajang seda, dipun gêntosi putra mantu, Adipati Dêmak......................178

37. Nagari Pajang dipun bêdhah dhatêng Panêmbahan Senapati.
      Sultanipun dipun wangsulakên dhatêng Dêmak. Pangeran Banawa jumênêng
      Sultan ing Pajang ............................................................................................ 182

38. Kasêktènipun Radèn Rangga, putra Panêmbahan Senapati. ...........................189

39. Sultan Banawa seda. Panêmbahan Senapati nyuwun idi dhatêng Sunan Giri,
   jumênêng ratu ing tanah Jawi ............................................................................ 193

40. Panêmbahan Senapati nêlukakên para adipati ing Madiun..............................198

41. Adipati Pasuruhan têluk dhatêng Panêmbahan Senapati ................................ 199

42. Senapati ing Kadhiri nungkul aris dhatêng Wong Agung ing Mataram. .........210

43. Mataram dipun lurugi dêdamêl saking ing Bang Wetan.................................. 222

44. Adipati Pathi mêngsahan kalihan Panêmbahan ing Mataram......................... 232

45. Panêmbahan Senapati ing Mataram seda, dipun gêntosi
      Dipati Anom Mataram ...................................................................................  239

46. Adipati Dêmak ambalela dhatêng Mataram.................................................... 241

47. Pangeran Jayaraga kadadosakên adipati wontên ing Panaraga,
     nanging lajêng ambalik mêngsah Mataram .................................................... 248

48. Nata ing Mataram seda, dipun gêntosi Pangeran Martapura,
      lajêng lèrèh, dipun gêntosi Pangeran Rangsang, ajêjuluk Prabu Pandhita
      Cakrakusuma .................................................................................................. 250

49. Kyai Surantani kautus nêlukakên tanah Bang Wetan........................................255

50. Nata ing Mataram tindak badhe nêlukakên Wirasaba........................................263

51. Para Adipati ing Bang Wetan sami saekapraya badhe anggêpuk Mataram ...... 269

52. Nagari Lasêm tuwin Pasuruhan dipun bêdhah dening wadyabala Mataram. .....280

53. Kapal nama pun Domba dados jalaran bêdhahipun nagari Pajang
      dening Mataram ................................................................................................. 285

54. Nagari Tuban kabêdhah dening wadyabala Mataram ....................................... 290

55. Madura dipun lurugi wadyabala Mataram ........................................................293

56. Surabaya têluk dhatêng Mataram ...................................................................... 298

57. Adipati Bragola ing Pathi ambalela dhatêng Mataram ..................................... 300

58. Pangeran Pêkik dhaup kalihan Ratu Pandhansari, lajêng
      kadhawuhan nêlukakên Panêmbahan ing Giri .................................................. 318

59. Adipati Mandura kadhawuhan ngrêbat Jakarta ................................................. 328

60. Pangeran Silarong kadhawuhan nêlukakên Balambangan ................................ 335

61. Sinuhun Sultan Agung pêpanggihan kalihan Ratu Kidul ................................. 340

62. Sultan Agung seda, dipun gêntosi putra Pangeran Arya Mataram,
      ajêjuluk Sunan Mangkurat ...............................................................................  345

63. Pangeran Alit, rayi Sinuhun Mangkurat ambalela, tiwas ing Prang ................. 348

64. Tumênggung Wiraguna campuh kalihan wadya Balambangan. ....................... 356

65. Jurutaman dipun pêjahi, rahipun dados wisa. Sang Prabu
      mundhut tiyang èstri, anakipun dhalang gêdhog ingkang
      sampun emah-emah kalihan Ki dalêm ...............................................................361

1 komentar: